
Bahan pokok empis-empis:
Tempe bosok (wajib) ojo akeh-akeh wong mbing gawe ambu lan roso.
Lombok ijo (sak okeh-okehe) angger iso ngentekake, di sigar wae ra sah di tugel,
Ebi (anake urang garing) nggo tambah roso, sithik hae,
tambahi opo hae sing disenengi................ (jamur/ndog puyuh/daging/ tahu lsp)
Bumbune:
brambang, bawang, uyah, gulo jowo sithik, tumbar, ora usah nganggo mrico, laos, ojo lali godhong salam garing, ra sah nganggo bumbu masak ndak kanker. Kabeh bumbu di uleg (ojo di blender), ora usah lembut banget sing penting mlecet (terluka ha..ha...ha...).
Carane:
Kabeh bumbu mau di oseng ngasi ambune enak, nek wis ojo lali tempe bosoke di cemplungake.
Nek wis sak wetoro ambune enak, kabeh bahan di cemplungake, di wolak-walik men ra gosong.
Nek wis marakake wahing, njur di santeni sing kenthel (kanil), tunggu nganti santene umob.
Wis rampung (ojo lali di icipi kurang asin? legi? opo kurang ajar ha....ha...ha....
Ojo langsung di maem (yo luweh nek wani), enake di dem ndhisik.
Wong manggung mbiyen , empis-empis kuwe nggo lawuh sego jagung.
Nek ra percoyo takon mbahku (kuwe yo nek dhe'e wani). Hii....hiii....hiiiii.
Sugeng icip kuliner khas Temanggung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar